language

English French German Spain Russian Japanese Arabic Chinese Simplified

cara memilih pasangan (jawa)

Ngendikane KH. Maimun Zubair :
“Nek milih bojo iku sing ora patiyo ngerti
dunyo, Mergo sepiro anakmu sholeh, iku nurut
sepiro sholehahe ibune.
Sohabat Abbas iku nduwe pasutri ora seneng
dandan, nganti sohabat Abbas isin nek metu
karo bojone. Tapi beliau nduwe anak ngalime
poll, rupane Abdulloh bin Abbas.
Sayyidina Husain nduwe pasutri anake rojo
rustam (rojo persia). Masio asale putri rojo,
sakwise dadi bojone sayyidina Husain wis ora
patiyo seneng dunyo. Mulane nduwe putro Ali
Zainal Abidin bin Husain, ngalim-ngalime
keturunane Kanjeng Nabi.
Poro Kiai-Kiai, ngalim-ngalim koyo ngono,
mergo mbah-mbah wedo'e do seneng POSO.
Syekh Yasin Al Fadani (ulama' asal padang
yang tinggal di mekah) iku nduwe pasutri
pinter dagang, nduwe putro loro (2). Sing siji
dadi ahli bangunan sijine kerjo neng
transportasi. Kabeh anake ora ono sing
nerusake dakwahe Syekh Yasin.
Neng Al Qur'an ﻧﺴﺎﺅﻛﻢ ﺣﺮﺙ ﻟﻜﻢ Istri iku
ladang kanggo suami.
Sepiro apike bibit tapi nek tanahe utowo
ladange ora apik, ora bakal ngasilno pari sing
apik.
Intine iso nduwe anak ngalim, nek pasutrine
ORA PATIYO NGURUSI DUNYO LAN KHIDMAH
POLL KARO SUAMINE.
Nek kowe milih pasutri pinter dunyo, kowe
sing kudu wani tirakat.
Nek ora wani tirakat, yo lurune pasutri sing
ahli dzikir, kowene sing mikir dunyo alias
kerjo.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar